Gelo!!!

Ancriittt!!!!!

Dino-dino iki tambah megelno!

Kok ndek endi-endi podo pamer wong tuwo seh?

Kowe kabeh lak ngerti seh aku paling sensitif lek enek wong sok-sokan ambek wong tuweke. Kowe kabeh lak wes babon seh, kok sek ngempeng ae ndek ibuk bapakmu? Awakmu ngerti nggak lek aku paling nggak seneng enek arek pamer wong tuwek koyok awakmu kabeh? Ngempeng monggo, tapi ora perlu sampek ngundang-ngundang kamera, wartawan, reporter, lan liyo liyane.

Terusno olehmu lek pamer-pamer. Aku ra pernah wedi duso lek aku bakal dadi wong paling iri ndelok awak-awakmu pamer ndek ngarepku. Gilo! Nggilani! Manja! Bocah! Cemen!

Ojo pernah ngandani aku sing macem-macem. Omonganmu ndek aku ngongkon aku sabar, sabar, sabar, nggak semua....nggak telek-telekan,....kabeh ora mempan digawe aku. Ojo sok-sokan bijak ngandani aku. Wong awakmu dewe sek nyusu ae ndek mbokmu. Lek awakmu kabeh wes merasa dadi wong paling kuat, ayo operan urip piye??

Rek, tak kandani yoh...

Aku iki iso apik lek awakmu kabeh iso njogo perasaanku. Tapi sebalike, lek tingkah polae awakmu ngene, aku iso gelo. Aku sanggup ngilangno bocah-bocah koyok awakmu teko uripku. Duso? Allah ngamuk? Iki urusanku ambi Pengeranku. Menowo mbesok Allah ngamuk kerono aku wes iri ambi nikmatmu kabeh, aku yo iso ngamuk opo’o bungahku ndek dunyo iki dicabut cepet.


Aku gelo rek. Ilfil. Jijik!!!!

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MILADNYA PANCASILA

Aku harus bagaimana?

Antara Sombong, Rendah Hati, Jujur, dan Munafik